Geguritan dumadi saka tembung lingga gurit, kang tegese tulisan awujud reroncening tembung kanthi paugeran tartamtu utawa karangan kang awujud puisi jawa. Geguritan bisa endah lan kepenak dirasakake kang maca nganggo irama kang becik lan panganggone tembung-tembung dipilih tembung kang endah. Geguritan minangka asil polahing jiwa manungsa kang awujud tulisan.
Geguritan kaperang dadi 2, yaiku geguritan kuna lan geguritan modern. Dene bedhane geguritan kuna lan geguritan modern yaiku:
Geguritan kuna
- Diwiwiti nganggo tembung sun
- Cacahing gatra ora ajeg, nanging sithike papat
- Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
- Tibaning guru lagu kudu runtut
- Ora ana paugeran kang gumathok
- Barisane endah
- Basane dudu basa padinan
- Ana rima, irama, lan intonasi
| Postingan ini dilengkapi fasilitas pengaturan jenis dan ukuran font. Pilih dan atur sesuai selera agar nyaman di mata. Terima Kasih. |






Tidak ada komentar :
Posting Komentar