Ing sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ing alas. Dumadakan wetenge krasa ngelih. Banjur dheweke weruh akeh woh-wohan seger ing sebrang kali. Kancil bingung kepiye carane bisa nyabrang kali golek pangan.
Akhire Kancil golek ide sing apik kanggo nyabrang kali. Banjur Kancil nyeluk baya sing manggon ing kali.
"Hei baya metu, aku duwe kabar apik"
Krungu swarane Kancil, akhire ana baya metu lan nyedhaki Kancil.
"Ana apa Kancil, kowe ngganggu turuku!" ujare baya.
"Aku bakal mbagi daging seger akeh kanggo kowe," kandhane Kancil karo raine sumringah.
"Endi daginge?" wangsulane baya karo ekspresine sing liar.
"Ketoke daginge lumayan akeh, kowe kudu ngundang kanca-kancamu mangan. Akhire baya gedhe nyeluk kawanan baya liyane.
Sawise kabeh padha ngumpul, Kancil ngedhawuhi baya gawe baris kanthi rapi.
"Ngopo dewe kudu baris rapi?" pitakone baya
"Aku kudu ngetung kowe kaceh ana pira kanggo nyebarake daging kanthi rata"
Kancil berhasil ngeyakinake lan baya-baya kasebut nggawe garis kaya jembatan.
"Oke, aku mulai ngetung, siji... loro... telu..." kandhane Kancil karo ngidak baya siji-siji liwat kali sing mili deres.
Kancil uga berhasil nyabrang kali kanthi ngliwati baya. Sawise iku dheweke ngguyu banter.
"Hahahaha, sejatine aku ora nggawa daging, aku mung pengin kowe baris supaya bisa nyabrang kali. Ternyata gampang banget kanggo njupuk keuntungan saka kowe!" ujare Kancil
Rombongan baya akhire nesu lan kepingin mangan Kancil. Nanging wis telat amarga Kancil wis mlayu saka dheweke.
Crita iki mbuktekake yen kapinteran bisa ngalahake kekuwatan.

| Postingan ini dilengkapi fasilitas pengaturan jenis dan ukuran font. Pilih dan atur sesuai selera agar nyaman di mata. Terima Kasih. |






Tidak ada komentar :
Posting Komentar